21/09/2020
-Dawuh Abuya KH Muhammad Thoifur Mawardi-
(Pengasuh Pon Pes Daarut Tauhid Kedungsari Purworejo)
Kang...
Nek Mondok Sangu Duit Ojo Akeh-akeh kang...
Gelem Mondok Yo Kudu Gelem Ngelih...
Gelem Mondok Yo Kudu Gelem Tirakat...
Gelem Mondok Yo Kudu Gelem Prihatin...
Tak Ceritani Kang...
"Aku Mbiyen Pas Esih Nang Makkah"
Mbiyen Aku Yo Rekoso Kang...
Bapakku Adol Sawah Gawe Nyangoni Aku Mangkat Ngaji Kang...
Nang Makkah Mbiyen Batirku Poso, Aku Yo Melu Poso...
Tapi Nek Batirku Buko, Aku Ora Melu Madang, Mergo Opo Kang? Mergo Aku Ora Nduwe Duit.
Aku Buko Nyucup Banyu Kulah Nyambi Nangis Kang...
Waktu Iku Enek Santri-santri Madang Nang Njero Kamar Ora Entek, Njur Di Buang Nang Ngarep Kamar, Aku Weruh Terus Tak Jipuk, Tak Pangan. Mergo Aku Wis Sangking Ngelihe Kang...
(Semoga dengan sedikit cerita ini, kita bisa mengambil hikmahnya)
"Jangan Lihat Orang Saat Suksesnya. Tapi Lihat PROSESNYA"